Lagi wayahe esuk-esuk, weruh
kembang apik nemen. sung apik nemen. pan tak demek, ora penak wong wayahe tesih
esuk. pan ndedeki ya kayong ora pantes, wong deweke tukang ngarit. pantese ya
kudune ndeleng suket. ora pantes ndedeki kembang mau sing apike kaya kae.
Nyong ngacak lunga luruh suket
sing akeh, ben weduse hasil kena go tuku klambi sing pantes, ben dang niliki
kembang mau kayong semadan pantes. Barang wis awan, pengrasa wis nganggo klambi
semadan pantes ning awak. ngacak pan niliki kembang sing lagi esuk. jebule wis
ana sing njukut. kembange wis ana sing ‘nuku’.
Lha ya wis lah arane urip, laka
sing paham. Sekiki pan ana apa, pan kejaden apa laka sing paham. Kejaba mung
Pengeran. kue jare batua, sing wis ngranapi urip wiwit jaman sega jagung. Nyong
mung bisa olih kabar, lamon kembang mau wis dipasrahna karo wong sing tuku.
wonge kue mau karepe sing ndue kembang. Monine tah, wong sing nandur, sing
ngopeni kembang mau pengine kembange dituku karo wong adoh.
Saiki, kembange katone tah seger,
warnane ya tambah apik. Genah lagi esuk ya apik saiki barang awan ya katone tambah
apik. Apa maning serngenge-ne pinter, sinare ora kurang-kurang go madangna
kembang mau. Nyong sing nyawang dadi melu seneng. Senajan seger temenan apa
ora, mbuhlah. Nyong mung nyawang.
pambelihlah, kembange ben urip
tentrem,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar